Bojo Nomer Papat

Tim dokter sing ngrawat Suryo wis paring pangandikan manowo  Suryo secara klinis wis sedo. Kabeh organ badane wis ora berfungsi maneh. Bojo-bojone sakwise oleh keterngan soko dokter, banjur rembugan. Bojo sing nomer siji pasrah opo wae kedadian sakbanjure. Saprene deweke rumongso ora tau diopeni, malak cenderung dilalekne. Nanging katresnane bojo nomer siji mau ora kalah karo bojo-bojo liyane. ”Najan aku ora tau dipacaki, ora tau disandangi sing becik. Nanging aku tetep setyo tuhu karo Kang Mas. Aku setyo ngancani najan wis ora nek alam donya maneh”. Bojo sing nomer loro rumongso kelangan banget karo sedane Suryo. Tangise tansah mbrebes mili, kepikiran piye uripe sakwise ditinggal Suryo. Mengko sakwise Suryo dikubur, deweke bakal mulih kanthi pikiran sing ora karu-karuan. Lan miwiti urip anyar tanpo Suryo. Najan saprene iki deweke tansah dijak silaturami nang konco-koncone kan diagemi sandangan sing apik tur larang, ning yo ora mungkin arepe ngancani nek kuburan koyo bojo nomer siji. Bojo sing nomer telu rumongso ora pati kelangan karo sedane Suryo. Pancene Suryo paling sering kerjo keras kanggo ndadani bojo sing nomer telu. Bojo sing nomer telu ora gelem ngancani nyang kuburan, mendingan nek omah wae. Bojo sing nomer papat kuwi primadonane, sing diburu-buru Suryo malak nganti nglalekke bojo-bojo liyane. Suryo bangga banget karo bojo sing nomer papat mau. Nanging bojo sing nomer papat ora gelem mulih opo maneh nyang kuburan. Wis ono sing nglirik bojo nomer papat, malak dadi rebutan poro koncone. Konco, bojo-bojo mau mung personifikasi jebule : Bojo nomer siji : amalan, sing sering dilalekne. Nanging bakal digowo mati. Bojo nomer loro: keluarga. Bojo nomer telu: harta. Iso-iso dadi perkoro, soale potensi dingge rebutan keluargane. Bojo nomer papat : jabatan. Begitu mati, jabatan langsung ilang malak langsung disandang koncone.

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.